Sabtu, 17 Maret 2012

Wajik Kletik, gula jawa
Luwih becik, sing prasaja

Nang jeruk, jambu nanas
Rada watuk, ngelu panas

Wedang bubuk, tanpa gula
Aja ngamuk, enggal tuwa

Kembang aren, sumber tepining kalen
Aja dahwen, yen kowe pepengen kajen

Kembang kencur, ganda sedhep sandhing sumur
Kudu jujur, yen kowe kepengin luhur

Kembang menur, den sebar den awur-awur
Bareng makmur, banjur lali mring sadulur

Manuk kutut, manggunge ngganter
Yen ra nurut, bisa keblinger

Gawe cao nangka sabrang, kurang setrup luwih banyu
Aja awatak gumampang, ingatase calon guru

Sega punar lawuh empal, segane pengenten anyar
Dadi murid aja nakal, kudu ulah ati sabar

Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gula
Piwelingku mring muda, aja wedi ing rekasa.

Purwakanthi parikan bisa digawe mawa petungan kang adhedhasar petungan wanda (suku kata).

wajik klethik, gula jawa
luwih becik wong prasaja

jemek-jemek gula jowo
aja ngenyek padha kanca

manuk emprit menclok pager
dadi murid kudu pinter

tawon madu, ngisep sari kembang jambu
aja nesu yen dituduaaké luputmu

kembang menur, den sebar den awur-awur
bareng makmur, banjur lali mring sedulur

manuk emprit, nggawa kawat ing wit waru
dadi murid, kudu hurmat marang guru

ana baya, mangan roti karo kanca
pengin mulya, aja wedi ing rekasa

kayu urip ora ngepang, ijo-ijo godhong jati
uwong urip ora gampang, mula padha ngati-ati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar